MUJUDAKEN PELADOSAN INGKANG NYAWIJI
I Korintus 12:12-31
Ayat nats I Korintus 12 : 12.
Pasamuan kagunganipun Gusti ingkang kinasih,
Wonten setunggalipun lare ingkang mboten sengaja midak wit mawar ingkang dipun ketoki dening ibunipun. Lare menika nangis, amargi ngraosaken sakit wonten ing sukunipun. Ibunipun enggal-enggal ningali, lan ketingal wonten eri ing dlamakan suku anakipun. Ibu kala wau enggal-enggal mbudidaya ngedalaken eri kala wau. Rumaosipun ingkang ibu, eri sampun resik, pramila inggih mboten dipun lajengaken anggenipun ngresiki. Lan ugi lajeng mboten dipun obati malih. Dalunipun, nalika anakipun sampun tilem, ibu kala wau nggatosaken, menawi dlamakanipun lare kala wau radi aboh. Malah badanipun ugi anget. Amargi kuwatos, ingkang ibu inggih lajeng enggal-enggal mbeta lare kala wau dahteng dokter. Lan dipun panggihaken, menawi taksih wonten eri alit ing lebetipun suku lare kala wau.
Bapak ibu lan para sedherek kagunganipun Gusti ingkang kinasih,
Saking carios kala wau, kita saged ningali, bilih perangan badan kita menika sesambetan setunggal lan setunggalipun. Namung saperangan alit saking suku wonten eri alit, saged ndadosaken perangan sanesipun ugi ngraosaken sakit, benter, lan menawi mboten enggal-enggal dipun obati, sakitipun ugi saged langkung parah malih. Pancen badan menika mboten namung awujud suku mawon. Wonten asta, paningal, talingan, lan sanes-sanesipun. Nanging kawontenan ingkang benten menika malah ndadosaken badan kita saged lumampah kados sak mesthinipun. Sumangga kita bayangaken saupami badan kita menika namung saking paningal sedaya. Temtunipun malah nggegirisi. Pramila sampun sak mesthinipun mboten wonten setunggal perangan ingkang langkung aji katimbang perangan sanesipun. Lan kados ingkang saged kita tingali saking carios kala wau, setunggal sakit, pramila perangan sanesipun saking badan inggih saged ngraosaken sakit. Pramila setunggal lan setunggalipun sampun namung nggatosaken dirinipun piyambak, lan sageda urmat-inurmatan.
Pasamuan kagunganipun Gusti ingkang kinasih,
Gambaran badan ingkang kita gadhahi piyambak-piyambak menika, dipun ginakaken dening Rasul Paulus kangge nggambaraken pasamuanipun Gusti ingkang wonten ing Korintus. Pasamuan sami udrek, amargi kathahing peparingipun Sang Roh, ndadosaken setunggal lan setunggalipun sami rumaos langkung aji katimbang sanesipun. Semanten ugi talenta peladosan ingkang benten-benten ing pasamuan ugi ndadosaken crah ing salebetipun pasamuan. Rumaos bilih kesagedan peladosan ingkang dipun gadhahi langkung aji tumrap kesagedan peladosanipun tiyang sanes. Temtu anggenipun Gusti maringaken pakaryanipun Sang Roh lan talenta ingkang benten-benten ing pasamuan mboten supados pasamuan sami crah. Kados dene peranganing badan ingkang benten-benten, nanging kedah nyawiji kangge mujudaken fungsinipun, Peparingipun Gusti ingkang benten-benten ugi nggadahi tujuan supados pasamuan nyawiji, njangkepi setunggal lan setunggalipun, satemah pasamuan saged gesang langkung sae. Pramila mrihatosaken sanget menawi pasamuan sami pasulayan amargi peparingipun Gusti kala wau. Kedahipun pasamuan gumregah, lelados sesarengan wonten ing kesagedanipun piyambak-piyambak.
Pasamuanipun Gusti ingkang kinasih,
Ing dinten menika, kita sampun dados greja dewasa inggih menika GKJ Nguter minangka greja ingkang dados sarana pakaryanipun Gusti ingkang wonten ing jagad, kita menika ugi dipun paringi Gusti talenta piyambak-piyambak. Wonten ingkang kaparingan talenta sregep lelados, wonten ingkang pinter memulang utawi kotbah, wonten ingkang pinteripun menika nuntun tiyang supados mratobat, lan saged ugi wonten ingkang saged ngawontenaken mujijad nyarasaken, lan sanes-sanesipun. Kados pangandika ing ayat 27-28 : “Kowe iku padha dadi sarirane Sang Kristus, sarta siji-sijine padha dadi perangane. Lan Gusti Allah wus netepake wong sawatara ana ing pasamuan : sapisan dadi rasul, kapindho dadi nabi, ping telune dadi guru. Sabanjure ana kang kaparingan kabisan nganakake mukjijat, marasake, leladi, nenuntun, sarta kabisan migunakake basa Roh.” Kita ningali bilih peparingipun Gusti menika warni-warni lan benten antawisipun setunggal lan setunggalipun. Pramila lumantar Rasul Paulus, pasamuan kaemutaken supados waspada. Gusti ngersakekan, supados peparing ingkang benten-benten menika ngigah pasamuan nyawiji, lan mujudaken fungsinipun greja ing jagad menika. Sampun ngantos malah ndadosaken setunggal lan setunggalipun rumaos langkung sae, pramila malah dados crah kados ingkang kedadosan ing pasamuan Korinta. Kados pangandika ing ayat 12: “Sabab, kayadene badan iku siji, mangka gegelitane akeh, sarta sakehe gegelitaning badan iku sanadyan akeh, padha dadi badan siji, mangkono uga Sang Kristus”.
Pasamuan kagunganipun Gusti ingkang kinasih,
Temtu pangandikanipun Gusti mboten namung kangge kita pirengaken mawon. Nanging langkung saking menika, supados pangandika menika saged kita wujudaken wonten ing gesang kita. Sageda kita saestu sadar, bilih kita menika peranganipun badan, ingkang pancen benten-benten. Kesagedan kita ing pasamuan menika benten-benten. Nanging sampun ngantos kawontenan menika ndadosaken kita crah. Malah kosok wangsulipun, kita kedah nyawiji supados mujudaken badan setunggal ing Sang Kristus ingkang gesang lan migunani. Pramila sageda kita nggatosaken setunggal lan setunggalipun, sampun ngantos sumunggung lan nggatosaken kabetahan kita piyambak. Kita kedah ajen-ingajenan, nyengkuyung setunggal lan setunggalipun, lan sampun ngantos namung mikiraken kabetahan kita piyambak. Kula aturaken setunggal carios kados pundi gesang ingkang kedah nggatosaken tiyang sanes. Wonten tiyang ingkang gesang ing griya susun. Setunggalipun bapak ingkang kaleres pikantuk panggennan wonten ing ngandap, nyariosaken dhateng tangginipun ingkang ing nginggilipun supados ndandosi kamar mandinipun ingkang bocor. Amargi toya bocoranipun mandhap ing griyanipun bapak kala wau. Nanging, ingkang gadhah griya ing nginggilipun mboten preduli. Mboten purun ndandosi, lan malah ngucap : “Kuwi rak urusanmu. Salahe manggon ngisor.” Bapak kala wau mboten saged nuntut napa-napa malih. Amargi mboten angsal tanggapan saking tangginipun, bapak kala wau pados cara sanesipun. Enjangipun, bapak kala wau ethok-ethok badhe mbongkar griyanipun. Mangertos menapa ingkang badhe dipun tindakaken dening bapak ingkang manggen ing ngandap, brayat ingkang wonten nginggilipun sami protes. “Yo aja dibongkar. Mengko omah sing neng dhuwure piye?” protesipun tanggi ingkang wonten ing ngginggil. Bapak kala wau lajeng wangsulan : “Lha kuwi rak urusanmu. Salahe manggon neng ndhuwur.” Bapak ingkang wonten ing ngginggil kala wau lajeng sadar, bilih gesang sesarengan mboten saged mentingaken kabetahanipun piyambak. Sae ingkang wonten nginggil, sae ingkang wonten ngandhap, kedah sangkul-sinangkul kangge mujudaken gesang ing Rumah susun kala wau langkung sae. Semanten ugi kangge, kita. Sumangga kita ginakaken talenta peparingipun Gusti ingkang kita gadhahi piyambak-piyambak, kanthi sangkul-sinagkul mujudaken peladosan langkung sae kangge Gusti. Peparing pancen benten-benten. Nanging kersanipun Gusti, kita sageda sangkul-sinagkul lelados supados pasamuan saged gesang ingkang sae, mujudaken kersanipun Gusti. Gusti mberkahi kita. Amin.